Sunday, March 21, 2010

ANAMUNG ATI KANG NGERTENI.



NDUK
Ora rina ora wengi
sliramu tansah dadi talining kangenku.
Ora rina ora wengi
sliramu tansah dadi sesulihing atiku.

Kadya wewayangan surya sinambung dalu

tan ana kang bisa angudhari
antebing rasa sajeroning kalbu.


Ananging

bebasan cahya sinirat ana layang kang tanpa katulis
aku mung bisa narima
anglenggana marang karsa tan bisa amiwiti.

NDUK
apa sliramu ora ngerteni
ginawang sliramu ing sakedheping netra.
Rupa ayu anyendhal pucuking ati tumiba nendra.
Bebasan angrerakit lampahing mangsa
kang ngukir kangening dalu kelawan rina

NDUK
umpama sliramu wus rumangsa
aja cidra mring pangucaping atimu.
Jumangkah galih sarira
lumampah angreronce anggayuh bagya
angasta tulusing puja rasa kang aran tresna.

Bak sinigar jambe sairing,
mahargia rasa kang tumedhak salebeting sukma,
ing satengahing para janur kang lagi lumengkung.

NDUK
Mung cukup samene sakabehing pangucapku.
Saumpama salah paringana pangapuramu.
Aku mung nggawa rasa
kang kebak ing tulusing atiku.

---------------------------

Lonk'copyright. 21.03.2010.

4 comments:

  1. Dalan iki....biyen nate....tak liwati..... nelikane... langit mendung kutho Ngawi....sendang ngGlagah wis ginurit jroning ati....saben liwat..aku ora biso lali.... (dalang Pur)

    ReplyDelete
    Replies
    1. Kula nembe dolan Ngawi mung liwat madiun lho Om...

      Delete
  2. Iki kanggo sapa marang sapa mas? Sae lho asli !
    salam kenal, di folbek yo ? Jolali ..Suwon.

    ReplyDelete
    Replies
    1. Sembah nuwun sanget lho, sampun kersa mampir. Menika seratan pas jamane blajar ngeblog.Estu. Pasti folbek kangmas...

      Delete

Kritik dan saran amatlah diharapkan.
Salam hormat & happy blogging.

BERBAGI DAN SALING BELAJAR